• No results found

ANGGIT ANIPOEN TOEWAN

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2022

Share "ANGGIT ANIPOEN TOEWAN "

Copied!
55
0
0

Bezig met laden.... (Bekijk nu de volledige tekst)

Hele tekst

(1)

" Mi . ++,

".H SINGANING I

I VLAANDEREN I I

KAPIRIT SAKING SERA T WALANDI

T

ANGGIT ANIPOEN TOEWAN

H. CONSCIENCE

, ---

- - - -

-.,. STOOM DRUKKERIJ H.V

M"RElÎë:H-liIAGEu."ci

a

I

I

(2)

Singaning Vlaanderen

KAPIRIT SAKING SERAT WALANDI

ANGGIT ANIPOEN TOEWAN

H. CONSCI ENCE bI. Sem, Phil. S,J,

DÉNING

BENEDICTUS DARSANA

Alija. SASTRA WIHARDJA

Go eroe ing Kweekschool-Moentilan

o N. v. DRUKKERIJ H. V. MARESCII·MAGELANG

"

(3)

I (

1

(Pangentasipoen tanah Belgie, 1302.)

Ing wantji éndjing soerja saweg moengoep-moengoep ing tantjebing langit. toemoenten kalimpoetan int: ima, ka- tingal trontong-trontong abrit, namoeng prabanipoen soernoe- nar ngengoewoeng. anjoenari eboen ingkang taksit, wonten

ron-ronan miwah ing roem poet, goemebjar paling panljoerat

pinda retna soemawoer. Kèndel oengelint( peksi tjingljing- goling kaen~ih otjèhing peksi djalaq miane swaraning gag"q koemrawaq waq-waqan.

Wonten ridder sami kakapalan nradjang satengahing wana Rausselare, kèndel 'mboten sami imbal pangandika.

Krintjinging dedamel miwah !(edebeging kapal adamel kagèting boeron wana, katah sangsam ingkang sami man- tjoengoel saking ing groemboel-groemboel, wasana plas loemadjeng sasaran ing sarosanipoen prasasat angin.

Boesananipoen sakalangkoeng pelag. paling penljèrèt amratandani bilih para ridder wa oe apesipoen sami apangkat graaf. Sanadyan para sairija waDe semonipoen 'mboten badé sami mangsah aprang, amargi 'mboten ngagem keré, éwa samanten terang jèn samekla nempoeh hardalling satroe,

katitiq saking dedamel ingkang dipoen ampil para abdi

ingkang andèrèq Assreping hawa kasemboeh arip alldjalari aras-arasen' ngadikan.

Wonlen djedjaka satoenggal IOf111ampah darat ing sangadjenging para salrija waoe. pangangeènipoen' prasadja tanpa dedamel kadjawi wedoeng ingkang kaanggar.

Mirit pasemoning oefat, kados-kados para satrija ing- kang kairid ing djedjaka waoe 'mboten dadc>s toedjoening ma- nahipoen. Telé!a bilih djadjdka waoe ngandoet wewados, déné katingal éwa sanget ningali para satrija poenika

Katariq sakine: ageng-inggil dedegipoen tocwin gagah

prakosanipoen lampahing djadjaka langkoeng déning rikat

(4)

4

ngantos kapat-kapal titihanipoen para ridder wa oe mèh 'mboten saged noetoeti.

'mBolen antawis dangoe won ten kapal satoeuggal kesandorng ing dongklaq kadjeng goemebroe~ ambroeq ing siii. Satrija inl(kang nitihi oegi ~awah kaplesal saking ing lapaq,djadja kasabet ing goeloening kapa!. nanging grégah énggal woengoe sarwi ngandika: "É e djaran iki ditoenggoengi leka ngant"eq."

Satrija saloenggil moedoni pangadika sernoe anjengés lng wasana satrija kakalih waoe ladjeng sami wawanan sabda tjengès-tji nengés.

Nalika kakalihipoen sami paling bengkeneng. goedjenging satrija sanésipoen kados sinenlaq. goemer goemerah swa- ranipoen. temahan ariping mripal si rna sanalika.

De Chalillon, inggih poen ik a satrija ingkang mentas dawah saking titihan sampoen nitin malih. :iareng oen inga jèn g~edjenging para salrija 'mboten kèndel, san!(el ing bramantijanipuen, tadjeng ngelap toerongga sarwi ngoso.

Kapat klaos sakit sanget margi kadjodjoh ing kesp oer, la- djeng andjola sarwi ngadeg-ngadeg, temahan plas kados djemparing oetjoel saking gandewa, arnblan~ang medal sela- selaning ktkadjengan. Kinten-kinten saweg sapambalang tebihipoen, kapat ladjeng animblis ing kadjeng ageng, breg

d~wah ing si ti anandang labet, rahipoen daléwéran

. Toedjonipoen de ehatillon sadèrèngipoen kapal arn- broeq sampoen loemoempat roemijin, èwadéne meksa dawah kantep, sakedap 'mboten saged ebah.

. Para ridder ènggal moeroegi de Chatiilon sa ha sami bela soengkawa malah ingkan satoenggal, ingkang mentas njenges dateng de Chatillon soengkawanipoen nglangkoengi sanèsipoen, katjihna saking t>ijasing pasoerjanipoen. Toernoen- ten asrah kalepatan, ingkang sarta kaapoenten ing de Chatillon.

Sar~ng sampoen, de Chalillon anarka bilih tijang ing Vlaanderen inggih poenika ingkang nedahaken margi, ingkang dados toeqing kalepatan, sarta ngintjim-intjim sarana temboeng Franseh, ba~é anggantoeng djedjaka waoe won ten ing wit ingkang an~awahaken.

I

5

Djedjaka Vlaanderen inggih mireng sarta ngretos dateng reraossanipoen de ChatillCln poenika, ananging api·api 'mbo- ten mangerto~, namoeng mripatipoen kemawon pantelang- panteleng mandeng de Chatillon. Djedjaka noenten 'kaawè dating èe Chatillon. lngkang kaawè madjeng tatag 'mboten gadah s,nloe adjrih sakediq-kediqa. Natika poenika won ten satrija satoenggal ingkang' soemingkir awit anggènipoen ba~e sami paben 'mboten andadosaktn renaning panggalihipoen.

Sareng tjelaq, djedjaka kadoekanan katah-kat~h sarta kaantjam-antjam baM kagantoeng, katedaqaken ing gagaq. Satelasing doeka djedjaka mèsem sarwi groendelan:

"Géné ana! arep anggantoeng wonl( Vlaanderen, Ja rasaqna!

Sasampoenipoen wiljanten makaten ladjeng moendoer sedot ngoen!(koeraken kadjeng ageng, tjantjoet tali, wanda, rekataq nariq wedoengipoen, tIeram goemebjar kados tatit; mripatipoen mondar-mandir kados singa barong ba~e noebroeq mamangsanipoen, sarwi sora asoesoembar: "J.(e- boelen akoe! Bilai wong sing '" ani andoemoeq akoe! Gagaq Vtaanderen mangsa gelema noetjoeqi akoe, destoen kowe déwé wong Frankrijk sing diljoetjoeqi.'

. De Chahllon mireng soesoembar waoe kados kasebit talinganipoen, ladjeng ngoewoeh-oewoeh dateng abdènipr,en:

"Hèh bOljah! papagena, loenasana si tjandala iki! Apa kowé pad a wedi karo wedoeng? Adjaa wong tjihq wis dag sam- poernaqaké maoe-maoe si kaparat iki! Nanging iki boe- boehanamoe, wong tjiliq pad a wong tjiliq!"

Para satrija sami badé n'grerapoe doekanipoen de Cha- tillon, nanging ingkang k·at.ah-katah sami ngroedjoeqi karsa- nipoen.

_"'ila mèh kémawon djedjaka waoe dipoen babarpisani, kinaroeboet ing abdining de Chalillon, sampoena kasapih ing saloenggiling ridder, raji dalem Nata ing Frankrijk satrija ambtg sarèh silOta boedi. Dawoehipoen daleng de Chatillon makaten: ,.Lo, paman se"ionipoen teka' kasoepén jèn tanah Vlaanderen poenika sampoen kagadoehaken dateng koela. Kaka Praboe, Philips de Schoone pribadi ingkang maringaken.

(5)

Paman 'mboten wenang medjahi tijang poenika. ft Atoer wangsoelanipoen de Chatillon : "Jèn makaten poenapa ingkang paman poenika namoeng dados tjetjengèsanipoen baoe ing Vlaanderen? Kadjawi poenika temenipoen ingkang paman 'mboten mangertos, jèn pandjenenganipoen anaqmas ngéman dateng tijang alit. Soemangga sami koel a atoeri nimbang toewan-toewan, poenapa poen tjilaka poenika 'mboten aroes kapatrapan oekoem pedjah 7" De st.· Pol soemamboeng:

"Inggih anaqmas de Valois, moegi wontena karsanipoen anaqmas anglilani pedjahipoen tijang poenika, suepados legaa manahipoen ingkang paman kangmas de Chatillon. Kalijan malih oem'leripoen tijang alit satoenggal kémawon ngangkah poenapa ?" Graaf Karel de Valois rag i roentiq ing gatih, pangandikanipoen: "Sami kapijarsaqna! Pangan- dika ingkang katah-katah waoe 'mboten andadosaken sard joe- ning manah koela Oesangipoen kawoela satoen)(gal maédahi sanget toemrapipoen koela. Mangga sami noempaq malih!

Njoewèn-njoewèni lakoe".

Sadaja 'rr.boten sawala anitih kapal malih. De Chatillon kapeksa nitih kapaling djoeroe ngampil dadamelipoen.

Sareng sampoen nitih sadaja, ladjeng kaabanan graaf Karel de Valois, andikaqaken njengkaqaken lampahipoen.

Poen djedjaka ingandikaqaken won ten ing ngiringan.

Sadangoenipoen loemampah para ridder sangsaja de st. Pol lan de ChatUlon tansah anggroendeli lan ngoering- oering dateng poen djedjaka. Dangoe-dangoe para ridder sami ngàntoen nebihi graaf de Valois, peri oe raraosan sanès ingkang 'mboten prajogi kapireng ing graaf Karel de Valois.

De Chatil!on poenapa déné para ridder sadaja sami angalembana dateng pramèswari ing frankrijk anggènipoen geting doemäteng tijang Vlaanderen. Malah de Chatillon ingkang sampoen kasagahan ing sang prmèswari ka- gadoehan janah poenika, sanget ing pangigit-igtipoen soemedija noempes jijang ing ngrikoe Poen djedjaka mireng reraosan waoe sadaja, sanget ing bentèring manahipoen.

Sanalika koepingipoen andjepiping, padoning lésan koeme-

doet, oen toe gatiq mripat andiq sarwi anariq wedoengipoen, prasa~at praboe 'Rahwana kroda. Wasana wedoerig katjepeng ing tangan, koemitir klajan angneman-oeman, witjantenipoen:

"Hèh toewan de Chatillon' delengen kang ana ing tangallkoe , Jaiki sing bakal medotaké goeloemoe".

De Chatillon doeka jaiah sinipi, ladjeng nimbali abdi kadawoehan nelasi djadjaka Vlaanderen. Ing ngrikoe wonten abdi satoenggal ingkang gagah prakosa, andjlog saking kapalipoen angregantjar.g ngliga pedang moerigi poen djeJjaka. Djedjaka sareng soemerep datenging abdi, we- doengipoen malah kasaroenKake." namoeng kepelipoen fngkang kapasang. "Mati kowé sileletek'" witjantenipoen abdi kalijan ngagar-agaraken pedangipoen.

Tijang Vlaanderen 'mboten . mangsoeli; namoeng mri- patipoen mantjereng mandeng mengsahipoen. fngkang ka- pandeng mandeg greg, semonipoen kados 'mboten kedoegi nandingi. Dèrèng ngantos ngatjoengaken pedangipoen mahh sampoen karoemijinan katoebroeq. katjandaq bangkèqanipoen, sirah kadjegloegaken ing kadjeng, ko'emeproeq, temahan ua-

wah ing si ti. .

Sambatipoen ngoeloeng, badanipoen paling kredjot, 'mbote" antawis dangoe pedjah. Poen djedjaka goemoedjellg semoe ngérang-érang, witjantenipoen dateng ingkang sam- poen goemlinting: "Minggata' kandaa karo bendaramoe, jèn dagingé Jan Breydel doedoe pakan gagaq kaja dagingé wang frankrijk '"

Sasampoenipoen wit jan ten makaten Jan Breydel toe- moenten mladjeng nloesoep-nloesoep groemboel loemebet ing wana.

Para ridder mriksani tjampoehing tijang kakalih waoe kalajan oewasing manah. Sapedjahipoen tijang frankrijk sadaja sami kagawoqan, andjenger dangoe tanpa ngandika.

Sareng ènget, ladjeng sami pating gedoemeI. Sarèhning graaf de Valois senapatining para ridder wa oe sampoen ketap-ketap tebih, mila ka;>alipoen ladjeng sami kàgebrag noetoeti. .

Tindaqipoen sang sénapati alon "anging teroes kéma-

(6)

8

\\'on 'mboten mradoeli dateng ingkang sami noetoeti. Ing samörgi-margi graaf de' Valois tansah kéndel kémawon kados-kados amang~ih prakawis ageng. Nalika para ridder sami njemoni dateng sénapatènipoell prakawis koemelipoen, kraton Wijnendal katingal tjela angléla. Bingahipoen para ridder marwata soeta, prasasat kadjoegroegan ing woekirsari.

De Valois leloerahing para ridder wa oe, sarta ingkang ngagem sekar bakoeng kant jan a ing djadjanipoen mangka tanda darah ratoe ing Frankrijk, méngo, sarta ngandika datèng para ridder: "Toewan-toewan! poenika karatonipoen Owijde, graaf ing Vlaanderen, ingkang sapoenika saw eg nandang prihatos margi kétjalan poetra poelri, sarta margi sami koela-rehat lanahipoen sarana aprang.

Wasana panjoewoen koela doemateng para toewan- toewan sadaja, moegi ing sapoenika lampah satindaq lem- boeng saketjap dipoen djagi, sampoen ngedir-ediraken jèn mentas oenggoel ing djoerit, mindaq mewahi kasekelanipoen".

De Chatillon mangsoeli se;'gol. "Bab poenika 'mboten oesah kaparingan priksa, para ridder raq sampoen priksa pijambaq-pijambaq dateng pepatjoehipoen, kalijan raq sam- poen dados adatipocn ridder-ridder ing Frankrijk, jèn mentas oenggoel perang, 'mboten ngegoeng-egoengaken".

De Valois toemoenten ngandika kalijan sereng doe- mateng de Chatillon: "Koela inggih sampoen ngretos,' jèn para toewan-toewan sampoen damang sanget ing ngatasi- poen prakawis poe ni ka. Mila panjoewoen koela moegi sami anglampahana. Kadjèn kèringan poenika 'mboten saking temboeng ingkang tanpa goena, pamar. de Chatillon I Paé- dahipoen poenapa apal dateng wewalering ridder sadaja, nanging 'mboten katjoendoeqaken kalijan èstining manah?

Sinten ingkang asor boedènipoen toemrap dateng sangan- dapipoen, kalijan sesaminipoen inggih makaien",

De Chatillon sareng tampi doedoeka makaten kados kaobong galihipoen. Sampoena kapambengan ingkang raji de St. Pol. tertamtoe medal temboengipoen ingkang sa- wijah-wijah.

De Valois ngandika malih: "Para loewan-Ioewan sam-

9

poen priksa kadjeng koola. Mila sampoen koela-djagèqaken jèn 'mboten badé kekirangan boedi ingkang loehoer. Soe- mangga radi rikai sawalawis, koela sampoen mireng segawon andjoegoeg. Lah kretegipoe' gantoeng sampoen kaedaqaken", Kraton Wijnendal jasanipocn graaf Gwijde, ing djaman poenika kalebet ingkang saé sarta santosa pijambaq.

Krat"n waoe kinoebeng ing djagang wijar sangel, lémboq- ipoen kandel sarta inggil-inggil, mawi kasoekanan gre~oe

alil-alil kanggé djagi; menaranipoen nenem kaprenah won ten iog podjoq-podjoqing tjapoeri. Dalemipoen ageng wonlell ing tengah.

Sadoemoegènipoen para ridder wonten ing ngrikoe, ingkang djagi régol soeka lengara dateng ingkang djagi ing Iebel. Kori ageng ladjeng kabikaq. Wadijabala ing Vlaanderen sami ngadeg dados kalih lariq wOllten ing kreteg, ngoermati lamoe ingkang rawoeh.

Kaljarins ing wekdal poenika panoedjoe lerallg sallgel, soerja sampoen lerong-terong wonten ing wétan, langit-

ipoen katingal biroe waradin, 'mbolen wonlen méga sake- dik-kediqa ingkang katingal wonlen ing ngantariksa. Pan- dje!!oging sagawon dèrèng kèndel, kesarengan pambekèring kapal miwah swaraning salomprèt doemeling, angantawisi jèn sang graaf Gwijde badé tindaq pepara, ambebedag

dateng wana. .

. 'mBoten anlawis dangoe kreteg gantoeng kaedaqaken malih, kor i ageng kabikaq, graaf Gwijde mijos djadjar lall graaf de Valeis kadèrèqaken para ridder ing Frankrijk toewin para poetri-poetri 'santana ing Vlaanderen.

Graaf Gwijde joeswanipoen sampoen woloengdasa taoen. Wonlen ing kapal lenggahipoen lOemoengkoei kados kawralan ing sekel. Graaf kakalih waoe kasambetall Ro- brecht van Bethune adjadjar lan ingkang raji waroedjoe.

Ridder kakalih poenika sami déné poetra ing Vlaallderell Robrecht van Bethune pasemollillg wadalla ambese- ngoet, tingalipoen andiq, manawi priksa lijang Frankrijk wadjanipoen galiq kados déné badé mamah-mamaha. Joes- wanipoen sampoen sèket taoen, nanging taksih mempeng,

(7)

salira ageng inggil gagah prakosa ngoengkoeli para ridder sanèsipoen Delasan titijanipoen kémawon ing~ih ageng pijambaq.

Sampoen walawis taoen lamènipoen Robrecht van Bethune kapasrahan ngasta papréntahan tanah Vlaande. en dateng ingkang rama. Saben-saben wonten perang Robrecht van Bethune medali angirid wadya bala ing Vlaanderen sarta misoewoer ing mantja-negari. Nalika ing Sicilië wonten

per~ng, Rohrecht van Bethune sawadyabalanipoen oegi me- dali am bantoe tijang Frankrijk Perangiporn anggegirisi;

sadaja éram ningali pratingkallipoen wonten ing paprangan.

Wiwil kala samanten Robrecht van Belhune ladjeng ka- se boet de Leeuw van Vlaanderen (Singaning tanah Vlaan- deren). Para letijang ing Vlaanderen sami adjrih asih daleng de Leeuw van Vlaanderen. Kasoediranipoen lansah dados sekar kidoengipoen tijang ing satanah Vlaanderen.

Sarèhning de Gwijde sampoen joeswa, sarla awis-awis mijos saking kralon, mangka pantjèn 'mbolen palos dipuen Iresnani ing tijang alit, mila de Leeuw van Vlaanderen ingkang kaseboet graaf. Sadaja panganggepipoen sami angra- toe dateng pandjenenganipoen sarta mitoeroet ing sapangrèh.

De Leeuw ':an Vlaanderen ladjeng kasambetan para ridder ing Frankrijk lan Vlaanderen.

Déné ingkang won ten ing wingking pijambaq Adolf van Nieuwland, ridder darah saking Brugge. D"deg, pa se- monin~ oelat toewin solah bawanipoen sampoen mèh 'mboten wonten bédanipoen kalijan Robrecht v. Bethune.

Mila tijang ingkang dèrèng mangertos tamtoe mastani jèn poenika poetranipoen de Leeuw van Vlaanderen.

Adol! van Nieuwland poenika wiwit timoer mila an~èrèq Robrecht van Bethune. Sanget anggénipocn dinallla-dama sarta pinoetra-poetra danoe.

Samanten oegi Adol! v. Nieuwland roemaos rinoban ing sih, sanget ing soengkem lan setya toehoenipoen ~ateng

de Leew v. Vlaanderen, sarta katresnanipoen dateng poetra- poelranipoen kados dateng ~aderèqipoen pijambaq toeng- gil rama i boe. .

Satelasing para ridder sinambetan ing poetri-poetri oegi nitih kapal, pangagemipoen sarwa goemebjar. IlIg ngrikoe wonten poetri satoenggal taksih ken ja, soelistynillg warni toewin éndahing-boesananipoen, njoercmaken praba- nipoen poet ri sanèsipoen. Peparabipoen sang poetri waoe Machteld, poetra poetrinipoen Robrecht van Bethune. Sa- nadyan joeswanipoen saweg gangsalwelas laoen, ananging agenl( inggiling salira, singering wadana loewin gandes- loewesing solah bawanipoen angindaqaken genging praba- wanipoen. Para ridder sami ajon . anggènipoen ngoerl11ati sang poet ri Machleid.

Èwa sal11anl~n 'mbolen wonlen ingkang kamipoeroen ngraosi, awit saking pamanggihipoen namoeng ral oe ingkang patoet anggarwa ing sang poetri waoe.

Sang déwi oegi nitih kapal, astanipoen ingkang kiri ngdsta, apoesing kendali, aslanipoen kanan ngasta peksi woeloeng pambedagan mawi klinting kantjana.

Para abdi loewin para toewaboeroe ingkang an~èrèq sami wonten ing wingking, pangnganggènipoen sami ma- néka-néka.

Sareng sampoen sawatawis lebihipoen sarta doemoegi margi djembar, lampahipoen ladjeng ',nboten katala maliIJ, sami ngoepadosi mitranipoen pijambaq-pijambaq, peri oe sami badé omong-omongan kanggé njlamoer sajahin!( lam- pah. Róbrecht van Bethulte kalijan ingkang raji sami madjeng andjadjari ingkang rama, makaten \legi de ehatil- Ion lan ridder satoenggal andjadjari sénapatènipoen, graaf de Valois. Graaf de Valois kakenan ing galih angiiriq lédje- ming pasoerjanipoen graaf Gwijde kalijan ingkang poel ra Willem, kados sami kataman ing doehkita, wasana alon wedaling pangandika: .. Doeh toe wan Graaf. Kamiwelasen koela ningali kasekelan toewan. Toemoesing kasekelan toe wan andadosaken g.miring manah koela Ingkang lawe- kal ing panggalih sampoen telas ing pangadjeng adjeng, koela ingkang njoewoenaken pangapoenlen, mangké kaka praboe raq ladjeog maringi sarta badé njoepèqaken ingkang sampoen-sampoen".

(8)

12

Wangsoelanipoen graaf Gwijde: "Nglengkara toewan de Valois, sang praboe sampoen praselya ncdija ngrampet tanah Vlaanderen. Poenapa pandjenenganipoen 'mbolen ang- godjoq-odjoqi katèrèhan koeta kapoerih sami ambatéla?

Anaqkoela Philippa poenapa 'mbolen sampoen karebat kalebetaken ing koendjara ? Sang praboe Philips de Schoone sampoen tamtoe 'mboten kagoenl(an welas alToaringaken wangsoei tanah koeta iogkang sampoen kapoen doet. Won- déné sih palimirma toewan daleng koela nijat 'koela Ijatet ing manah ing salami koela gesang. Sampoen dados karsa- ning Allah, jèn namoeng samanten walesing kaprabon koela" .

De Valois soemamboeng: "Lo toe wan dèrèng priksa wawalekanipoen kakapraboe. Mila leres pakarjanipoen soelaja kalijan pandjenenganipoen pij.mbaq, lIanging loc- gonipoen kalebet loehoer pijambaq boedénipoen katimbang sasamining ridder".

Roblecht van Bethune njaroewé: "jèn koela 'mboten mastani loehoer. Ridder poenika tamtonipoen 'mboten tjidra ing oebang!(i. Nalika koela sami dateng Corberl akalijan Philippa 'mbolen ","ra-wara te ka ladjeng kakoen . djara. Poenapa kados makaten poenika adatipoen ridder inkang prawira?"

De Valois radi roentiq galihipoen ladjeng ngandika:

"Pangandikanipoen toewan Rllbrecht leka radi njengkriq.

Tcrkadang toe wan Robrech 'mbolen kagoengan nijat ada- mei sakiling manah koela, oetawi adamel soe,ah koela".

Wangsoelanipoen Robrecht van Bethune. ,,0 'bll1oten pisan-pisan malah toewan de Valois koela anggep milra tuehoe margi kadarman toewan, namoen~ kémawon loewall èstonipocn raq 'mboten saged mastani klajan tetep jèn sallg praboe poenika ridder ingkang temen."

De Valois ngandika malih: .,Soewawi kapijarsaqna!

Kaka praboe Philips de Schoone koela anggep saé pijambaq panggalihipoen, nanging tansah karoban pangonggrongipoen para djoeroe ngamandaka. Enguerrand de Marignij poenika kénging koeta wastani : "Sétan pangawaq wong" ingkang nenoentoen palldjenenganipuen ~ateng piawon. Wonlen

13

saloenggal malih ingkang anggèndèng daleng kadoeskarlèn, nanging koela adjrih njelaqaken sinten, ingglh poenika ingkang dados margènpocn ka~angsaraning Vlaallderen.

De Chatillon ngerlos mila ladjeng njela atoer: "Sinten la poenika?"

Rnbrecht van Belhune mangsoeli: .. jaq: toewan de Chatillon iki moendoel ptik,a barang sing .... is \l'léla! Koela aloeri priksa tnggfh! !n!\kang poetra johana v. Nalarra ingkang ngnendJara s~d"lèq koela èsrlri johana van Na\ iJrra ingkallg malsoe arta:' johana van Navarra ingkan~ badé

njirnaqake1l Vlaanderen!" .

Saweg S:lmal"en ladjeng ka,elan"" temboen~ipoen de Chalilloll ingkang sasal kalél11pelakell ing laling,lI1ipoell:

Goroh kowé, kaparai!"

R,'blecht k,oUJ ladjeng nariq pedangipoen ill!(kang ambengkeloeq, sareng badé katamaqakc" prik", jèn llIeng- sahipoen tanpa da~tllnel, ptdang noen'en k[,'aroengaktn malih n3ngillg éllggal moeroe!;i de Chatilloll, locwin Sora pangnewoehipoen:

"Ora oesah akoe ngnentjalaké modjahkoe (ridder pnenika jèn baM ke"'ng.,,, maIl i ngoenljalaken modjahipoen) Kowè IIgertl <!èwé jen p11narka goroh ikoe 1lI0en~goe~illg

akoe bairIltong kang ilangé mOl:1g sarana gelih.

Ngarepaké sorloep sren~éngé kowé bakal daqtagih".

Wangsoclanipoen de Chal ,Ion: "Babo, akoe samekla nall~il1g1 para Tidder kang agöwé 1j('lar1in~ sallg pramès- wari johana van Navarra" ToemOt'nlen sa 111 i kèndel lan wangsoei p,lnggènanipoen pijambaq-piF,mbaq Para ridder ing Frankrijk ingkang k"I .. h silllli nopsoe nmengaken lemboengpoen Rnhrechl Ilan~'IIg laujeng 'mboten sami mradoeli sareng salllÎ èn~et pltlllillJlling ridder.

Karel de Valois gtde~-~etleg. sarla pasemolling wadilIla btillgal jèn anggènipoen paripaben waoe 'mboten dadlls karsanipoen Graaf Gwijde soeka ing galih, wasana ri"h pangandikanipoen: "Toe wan de Valois anaq koda poenika panljèn kendel saèstoe. San~ Praboe sampoen oeninga pijambaq, nalika patjaq baris wonten ing Rijsel, awit ka~ah

(9)

para agoel-agoel ing Frankrijk ingkang sami kapoepoe déning pedangipoen Robrecht. Tijang Brugge ingkang ka- tresnanipoen kalangkoeng-Iangkoellg sami njeboet singaning tanah Vlaanderen. Saleresipoen seseboetan waoe pikantoeq- ipoell nalika perang Benevent mengsah praboe Manfried".

Wangsoelanipoen de Valois:

,,0 koela sampoen soemerep roemijin mila: oeger tijang soemerep keken del ani poen nalika ngrebat pedang saking aslanipoen praboe Manfried. Lelampahan poenika misoe- woer dateng para ridder ing satanah Frankrijk. De leeuw van Viaanderen sampoen kaserat ing boekoe ngrika, 'mbo- ten saged kawon".

Gwijde waonipoen goemoedjeng soeka nanging ladjeng atjoem netjanipoen, temahan toemoengko,1 sarwi memelas pangandikanipoen:

"Doeh toe wan de V~lois poenapa poenika 'mboten nama 'Ijilaka, déné koela 'mbolen saged nilari poenapa- poenapa dateng anaq koela ingkang ngoenljaraqaken kraton Vlaandereil kados makaten. Namoeng poenika, sarta anaq koela Phillipa ingkang taksih kakotndjara ingkang dados man ah, jèn koela doemoegi i ng djandji".

Karel de Valois 'mboten mangsoeli. Dangoe lansah manah-manah angoelir boedi, apoesing kendali namoe'lg katoempangaken ing lapaq kémawon. Gewijde ngawasaken solah makaten poenika sanget éraming galih, déné saman- ten I"ehorring boeboedènipoen Karel de Valois.

Dangoe-dangoe djanggirat djedjeg lenggahipoen ase- moe bingah aslanipoen kaloempangaken ing astanipoen Gwijde, pangandikanipoen:

"Angsal wisiqing Allah".

Uwijde toemenga ing semoe kados badé nerang. Gwij- de neroesaken pangandikanipoen: "Koela ingkang ba~e toetoeloeng soepados kakapraboe maringaken wangsoei kaprabon toe wan ".

"Saking pamanggihipoen toe wan poenapa sarananipoen ingkang kagem ngleksanani? Awit lanah koela sampoen kaparingaken ~ateng toewan" ,

"Soemangga kapyarsaqna toewan graaf, ingkang poetra Philippa sampoen kakoendjara melas asih ing Louvre, warisan sampoen kadjabel, para poetra-poetra sampoen 'mboten an 'sal ga~oehan malih. Nanging koela manggih réka kanggé ngedalaken saking koendjara Inewin kanggé mangsoelaken kaprabon toewan." "Nanging koel a 'mbolen palos piladjeng toewan de Valois, kadjawi sang pramèswari Johane van Navarra sampoen séda".

"Lo 'mbolen makalen; kakapraboe wonlen ing Com- piegne, Sallg pramèswari w'JOlen ing Paris kalijan Engeu- rand de Marignij. Toewan graaf kotla aloeri sowan illg Compiegne sesarengan kalijan koela, para ridder ingkang pipilihall ka?awoehaoa an~èrèq. Mangké jèll sampoen doemoegi ngarsani?oen sang praboe, koela aiocri ngroeng- kebi sampéjanipotn kados palrapipoen boepali (leenman) sa os bekti asrah kalepalan. Kaka praboe raq ladjellg paring pangapoenlen sampoen soemelang ing galih, awil kakapraboe panljèll palimirmanipoen sangel, oeger 'mbolen katengganall sang pramèswarï'.

"Koela matoernoewoen d.ateng malaékal loewan ing- kang maringi wisiq, makaten oegi ~aleng palldjtllengani- poen toewan Graaf de Valois, ingkang saé pangalihipoen.

0, Goesli Allah, moegi kawoela saged njirep langisillg allaq kawoela sarana réka poenika.

Nanging Illallgké gèq Illalah kalebet ing koelldjara,loewan?"

,,0 sampoen koewalos! koela pijambaq ingkallg allda-

~agi. Jèn OIjal koela tanpa damel, loewall graal koèla

~èrèqaken mawi seral doemoegi ing Rupelmonde".

Graaf Gwijde ladjeng ngoetjoelaken apoesing kendali, ngrakoep aslanipoen graaf de Valois minangka tanda pa'na- rimahipoen illkang sakalangkoellg sallget. .

Nalika poenika sampoen doemoegi ing papan waradin ingkang langkoeng déning djembar, kalradjang ing lèpèn Krekelbeek.

Wonlen ing ngrikoe ladjeng sami lala-lala wiwit am-

bebe~ag. Para poel ri loewin para ridder ing Vlaanderen sallli ngasla alap-alap oetawi woeloeng pambed.aganipoen

(10)

t6

pijambaq - pijambaq, segawon -segawon keprentja - prent ja dados pinten-pinten panta, sesampoening soemekta sadaja, peksi pambedagan dipófnoetjoeli tangsoelipoen, ladjeng kanetjoelaken 'saking asta, paling tjalorol iberipoen prasa- sal djawahing djemparing.

Warni-warni solahing peksi, adamel kaljarjaning ma- nah. Wonten ingkang andap iberipoen leroes amboedjeng poejoeh, ajam wana sasalllinipoen wonlen ingkang amoe- loeq alllboedjeng blekoq lan konloei, wonten ingkang katjoewan 'mbolen an~sal boeboedjengan, noenlen moeloeq kekedjer kekalangan woesana nijoep mangandap, tja kar njemol gegering lerwéloe wana ingkang loemadjeng sasa- ran; alap-alap lansah loemèmplèq ing geger. Sareng ba~é Illemebet ing groemboel-groemboelan, Iroewéloe kaloebroeq ing sagdwOn, peksi moeloeq kekebel kados bingah ing manahipoen margi men las oenggoel ing djoeril.

Sadaja asemoe kadoegi ing galih mriksani lalangen waoe, para ridder ing Frankrijk langkoeng-Iangkoeng Graaf Karel de Valois sanget pangalembanar.ipoen ~ateng kasa- geOanipoen para poetri lan ridder ing Vlaanderen ngadjari peksi. Ingkal1g lampi pangalembana ladjeng pamèr.

'mBolen dangoe para abdi inggih ladjeng andèrèq ambebedag. Walawis kalih djam dangonipoen sampoen kalah an'gsalipoen boeboedjenl(an awarni ptksi loewin kéwan wàna ingkang alit-alil.

Salomprel pambedagan kalijoep swara sanler ngoe- Illandang angebaqi ing' wana ngrikoe.

P",a ridder sami nglempaq ladjeng koendner dateng kraton Wijnendal, para kawoela alit sami ngroekti bûeboe- djenganipoen kabegla manlOeq. Pranalaning lampah kados nalika bidalipoen, namoeng Rubrechl van Belhune kalijan de Chaliilon sami simpang-simp,angan, 'mbolen wonlen ingkang sami ngedalaken pangandika. Sareng doemoegi kreteg, de Chalillon ngandika dateng ingkang raji.

.Dimas kowé raq ngerli jèn akoe mengko soré bakal moerinani al!ggèr Johana van Navara. Kowé mengko sing ngampil gegamankoe".

17

"Mengsah Robrechl van Belhune? Jaq toer inggih dèrèng kantenan, nanging 'mboqmanawi kémawon kangmas sangsara tjalonipoen. Awil de Leeuw van Vlaanderen poe- nika kados lanpa lawan".

"Ikoe mèloe-méloe apa la? Ridder mono raq ara moeng ngandelaké karosané baé, sing per/oe raq prigel lan ke- kendelané".

"Kasinggihan kangmas! nanging sadèrèngipoen Ijampoeh raq ka man ah roemijin, sampoen nganlos manggih bebaja.

Koela poeroen anandjangaken prakawis pocnika. 'mBoq sam- poen kapanggalih lemboengipoen, djer Robrecht sampoen da- dos bebandan, wah sampoen kadjabel silènipocn gadoehan".

"Wis ta menenga goenemanamGe te ka ora loemra·p. Knwé ki wedi apa ngono?"

Saweg doemoegi samanlen anggènipnen sami reraosan, lampahipoen sampoen doemoegi ing kraton.

Dalem ageng ing kralon Wijncndaal kaal'iI-apil ing bangsal los loewin goedang-goedang wadah dedamel saha goedang sanès-sanèsipoen. Dalem waoc 'kasing!!ed-singged dadós pinlen-pinten kamar, sarta ingkang kalah mawi pasaréan.

Ing pndjoq wonlenkam aripoen alit satoenggal. asrènipoen angoengkoeli sanès-sanèsipoen, kalah rercn~ganipnen ingkang adi-adi sarla awis regnipoen. .

Térnboqing kamar kapasangan gambar IMbadipoen loe- wan Graaf Gewijde pijambaq, nalika teksih Illclllpeng-l11cl11- pcngipoen.

Toewan Graal saweg pinaraq wonlen ing koersi agcng salebeting kamar waoe. Moeslakanipoen loel1loengkoel kasangga ing asla kanan, ngadjengaken ingkang poeira Willem, ingkang saweg maos boekoe sel11bajangon wnnlen ing podjok. Salengenipoen toe wan Graaf, Machleid poelranipnen Robrecht van Belhune, saweg ngeloes-eloe woeloengipocn 'mbolen njana bilih warisanipoen ingkang rama salllpoen karebat ing Frankrijk

Wcwalekanipoen san~ poetri wao~ garnpil sckel pang- galihipoen, ananging inggih gampil lipneripocn. Nalika mireng pawartos jèn kit.a-kil.a ing Vlaanderen katjepeng 2

(11)

ing tanganing mengsah, ladjeng moewoen kawelas-asih, éwa samanten sontenipoen sampoen Iilih, sarla ngeloes-eloes woeloengipoen malih.

Dangoe Graaf Gwijde ngawasaken solahing poel ra ; temahan andangoe:

"Willem I anaqkoe enggèr I enggonmoe ngepeng sem- bahjang ikoe apa baé sing kosoewoell?"

Atoer wangsoelanipoen:

"Adalem IIjembahjangaken kadang kawoela èslri Phi- lippa, rama.

'mBoqmanawi kémawon sampoen k2pedjahan johanna

'van Navarra; saoepami mekalen, sembahjangan kawoela

inggih miloeloengi soekmanipoen, awit Goesti Allah 'mbo- ten kesamaran".

Nalika matoer mekalen waoe sarwi loemoengkoel amenggaq waspanipoen. Toewan Graaf angésah, sarta karaos-raos ing galih. anjipta jèn pametèqipoen ingkang poet ra waoe mboqmanawi saged kelampahan, djalaranjohanna van Navarra poenika pantjèn sannget iajanipoen, nanging sina- moen kémawon, pangandikanipoen malih: .. Ikoe ora prajoga Willem, jèn kobandjoer-bandjoeraké suesahmoe moeng mar- ga pangira-ira kang anggregesaké ali. Pangarep-arep ikoe dadi panglipoeré ati sedih, jagéné déné kowé ora doewé pan~arep-arep? \Viwit . sadoeloermoe wanon dikoendjara kowé 'ndaqsawang-sawang leka nglajoeng-nglajoeng ora taoe mèsem sapisan-pisana.

Satemené paioei ingalembana, déné kowé méloe ngra- saqaké k?soesahané sadoeloermoe, nanging poeloeh-poeloeh kaprijé, wong wis mengkono karsaning Allah Mara roewalen prihatinmoe, adja enlèq ing pangarep-areprnoe".

.. Doeh rama, poetradalem ingandikaqaken mèsem, mangka sadèrèqkawoela wonten ing koendjara. Sèwoe-sèwoe dedoekd dajem, poetra dalem 'mboten saged n[(lampahi. Eloehipoen Ijaroljosan dawah ing djoebin, 'mbolen wonlen ingkallg nglipoer, sesambalipoen kados gralllan~. 'mboten w~nten ingkang njelaqi atetueloeng. Rama poenapa 'mboten prtksa?

0, poetjetipoen asawang koenarpa, badan lemes kados

sekar lajue, langanipoen moeloeng ing Goesti Allah. Poenapa rama 'mboten mireng pangoewoehipoen: Doeh rama, sadoeloer-sadoeloerkoe, welasnna akoe, toeloengana akoe!"

Machleid ingkang njaloq lelemboengan waoe sakediq, ènggal malangkringaken wóeloengipocn wonlen ing séndÏ!an koersi, ladjeng ngambroeq njoengkemi sampéjanipoen ingkang éjang sen~groeq-senggroeq amoewoen kawelas asih, atoeripoen:

.. Éjang, poenapa iboe sampoen liwas? Adoeh, bangel soesahing alikoe! Poenapa kawoela sampocn 'mbolen saged socmerep malih?"

Sang graaf andjoendjoeng ingkang wajall sarwi manis pangandikanipoen:

.. Sa bar ta engger Machleid, adja lIangis; Philippa Dra mati".

,,'mBolen séda? Poenapaa déné rama WdlLm ngandika séda? ..

"Kroengoemoe maoe doerocng terang".

Machteld ngoesapi waspanipucn sarwi ngoereng-oe- rengi ingkang paman \Villem:

.. Rama koewi soq gawé oenar, ngandikané ngedeg- edegi, woeloengkoe baé nganti mèloe wedi Pangandika dalem waoe 'mbolen dados leganing manah koela" .

Willem angawasaken sasolahing Machteld klajan soe- sahing galih. Sang poet ri oeninga lèdjeming Willem sa- klangkoeng melasasih, énggal njandaq aslanipuen sarla njoewoen pangapoenlen, noenten moeroegl woetoengipoen malih. Graaf Gwijde kalijan ingkang poeira laksih ngla- djengaken imbal pangandika, abawa raos anggènipoen badé mara séba saos bekti ing praboe Philips de Schoone (Ie' Bel) ing kralon Compiegne saridder kléréhanipoen sadaja, poenapa déné tansah ngalembana ing kasaénanipoen graaf Kdrel de Valois. Ing nalika poellika Robrecht van Belhune 'mbolen won ten, saweg pantja kam landingan kalijan de Chatillon. Sadangonipoen ngandikan 'waoe, kreleg gantoen)! kaedoenaken, para ridder lngkang lekslh setya ~ateng graaf Gwijde sami sowan. Sang gaaf me~oeq-

(12)

20

aken para ridder wonten ing bangsal ageng. Dangoc sami kèndel kémawon, 'mboten wonten ingkang koe met jap.

sadèrèngipoen graal Gwijde miwiti; sedaja sami kepéngin mireng dawoehipoen toewan graaf. Wasana toe wan graaf miwiti angandika:

Para toe\\an-toewan, kowé kabèh kaja-kaja wis pad a nger;;, jèn kaprasetyankoe marang sang praboe ing Frankrijk dadi djalarané kasangsajankoe. Nalika sang praboe moendoet padjeg ing désa·désa akoe ija njaosi kaj a lala tjaraning kaléréhan. Brugge wis mbaléla marang akoe, lan kawoe- lakoe pad a ngr~man. Kalané akoe sowan menjang Frankrijk karo anaqkoe wadon. arep saos bekti, wckasan dikoendjara, malah anaqkoe saiki isih memelas ana ing pakoendJaran Louvre. Ikoe maoe kabèh kowé pada soemocrocp, awit kowé toehoe marang ratoemoe. Wewenangkoe daqgon~èli sarana perang kaja kang woes dadi adat, ing wasana ak~e k.asora~, m3fga praboe Eduard ing Inggris ora noehoOl dJangdJl, akoe ditégaqaké, katinggal ana ing sadjrnning kasangsaran.

Tanahkoe saiki didjabel lan akoe dadi wong sing asor déwé, ramboetkoe sing wis poelih iki 'mboqmanawa wis öra bisa nganggo makoe!aning graaf manèh, kowé wis

ganti ratoe" . .

Wonten satoenggiling ridder ingkang mangsoeh atoer:

.,Ah, inggih dèrèng, jèn mekatrn kawoela sampoen mantoen dados ridder. Kawoela 'mboten gadah leloerah sanès kedjawi pandjenengan dalem Gwido van' Dompierre" .

"Toewan, kaprasetyanmoe 'ndaqtarima banget, nanging 'ndaqneroesaké kandakoe disiq. Toewall graaf Karel d~

Valois kang ngalaha'kt' Vlaanderen, lan mbandjocr diparingi ingkan~ raka anggadoeh tanah maoe Saoepama adJa loe- hoera panggalihé, akoe lan kowé wis ora ana ing WIjnen- dal; awit satemené pantjèn pandjenenI(ané kang nariq akoe saka ing Rupehnonde dibalèqaké mréné iki. Saiki pandje- nengané nijat andjedjegaka kraton Vlaanderen manèh sarta anetepaké kaprabonkoe. Lah iki prakara kang karemboeg, awit satemené akoe boeloeh pitoeloengamoe".

Para ridder sami éram ing gahh, mireng bilih graaf

21

de Valois badé mangsoelaken tanah kamenanganipoen.

Graaf Gwijde ngladjcngaken pangandika:

"Toewan-toewan! akoe ora samar marang katresnan- moe; moelané pangarep-arepkoe moega toewan-toewan andanganana pandjaloeqkoe sapisan iki: embèn akoe arep saosbekti menjang Frankrijk, pa~a dèrèqna'·.

Para ridder sami gentos· gentos matoer sandika sarta badé 'mboten mèngèng ing dawoeh. Namoeng satoenggal ingkang 'mboten matoer poenapa-poenapa, inggih poenika Diederik die Vos.

"Apa kowé ora arep mèloe, toewan Diederik? "

.. Kawoela noewoen, abdi dalem saèstoe andèrèq sana- dyan doemoegija ing naraka pisan. Nanging sèwoe-sèwoe ing doedoeka dalem, abdi dalem kamipoeroen moendjoeq.

Moegi pandjenengan dalem toewan graaf sampoen énggal-énggal andahar pratikel ingkang mentas kapangan- dikaqaken waoe. 'Pandjenengan dalem sampoen natl' kale- betaken ing koendjara, teka sapoenika ba~é nemaha malih".

.. Panemoemoe ikoe isih koerang nalar, toewan ! graal Karel de Valois bakal awèh lajang pangirid, sarta sagoeh klawan temen-temen arep ngeteraké menjang Wijnendaal"

Toewan-toewan ingkang ngertos ing katemenanipoen toe wan de Volois Sami pitadjeng dateng oebanggènipoen sarta ngladjengaken angrembag prakawis waoe. Déné Diederik die Vos ambolos medal, 'mboten wonten ingkang oellinga. Won ten ing ngrikoe loemampah wira-wiri sarwi a.nanah-manah.

'mBoten dangoe Robrecht loemebet ing kadaton Djlog te~aq saking titihan, Diederik ametoeqaken sarwi matoer:

.,Koela 'mboten oesah njoewoen priksa kabaripoen mengsah dalem, awit pedangipoen Sang Singa 'mboten natl' tjidra. Toewan de ehatillon tamtollipoen sawek sekarat."

.,Ora, pedangkoe 'ndakeproeqaké ing sirahé; ija te- locng 'ndina déwé enggonl' ora bisa tjatoeran mes~iné;

nanging ora mati. Nanging akoe katjilakan. Awit Adoll van Nieuwland sing ngampil gagamankoe perang karo de St.

(13)

Pol. Wasana Adolf ketaton; koerang-koer31lg begdjané bilai botjah iki. Sadela engkas kowé bakal weroeh, awit abdi- abdi, sing 'ndaqkon anggotong menjang ing kraton".

Oiederik die Vos njoewoen priksa bab anggènipoen badé dateng Frankrijk, poenapa Robrecht van Bethune roedjoèq? Sarèhning Robrecht dèrèng priksa pi an-pisan Clateng prakawis poenika, mila sanget ing kagètipoen. 'mBo- ten sarantaning manah, loernebet pijambaq ing bangsal ageng, angjektosaken pornapa leres atoeripoen Diederik, sarta atilar weling, Diederik ingandikaqaken am bekt a Adol!

date nl{ kamar toewin animbali ~okter, saha andjagi. Won ten ing paséban, Robrecht van Bethune ngesoeq madjeng ing ngarsanipoen ingkang rama, adamel tjingaqing para ridder sadaja, déné te ka taksih ngagem keré. Sapoenika tetéla ing pamijarsanipoen, jèn karsanipoen ingkang rama 'mboten mlèsèd kalijan ingkang sampoen kaatoeraken Diederik, mal ah Robrecht pijambaq kadawoehan 'ndèrèq saosbekti.

Ananging Robrecht sanget ing' pamoponipoen, bilih ingan- dikaqaken soedjoed ing praboe Philips, awit èsHning wardaja 'mboten badé soemoengkem dateng sinten-sinten kedjawi doernateng Hjang ingkang Maha Loehoer toewin ingkang rama pijambaq. Graaf Gwijde ngoedi sarana pa- ngarih-arih, soepados ingkang poetra ngèstoqna dawoehi- poen, djalaran toe wan graaf roemaos sampoen sepoeh saha anjipta, jèn sampoen 'mboten wonten sarana malih, amrih wangsoeling sitènipoen. Ewa samanten tanpa damel. Kar- sanipoen Robrecht poegoeh 'mboten kénging kaeloeq, ngantos kawedal atoeript,en, aloewoeng angsala soepaosipoen ingkang rama kaHmbang soedjoed ing praboe Philips, djer koewatos itjaling koentjaranipoen kraton Vlaanderen. Nanging kaoe- ningana,satelasi'1g atoer ingkang wekasan poenika koemesar raosing galih, ipat-ipatipoen ingkang rama katingal andatengi, wadananipoen bijas, selira pating kredjol, kakijatari sima, temahan andarodog ngantos goemerit swaraning agemipoen keré. Singàning' Vlaanderen ingkang 'mboten naté miris kinepang ing mengsah; ingkang kerep nrang wèsti anampoeh ardaning satroe, ing sapoenika an~arodog kados 'alang-alang

salamba tinempoeh ing angin. Raosing galih kados sampoen wonten korining nraka djahanam. Graaf Gwijde lIlidange- taken aloering poetra waspanipoen toemetes ing sili bjang- ganipoen poetra karangkoel, sarta al on pangandikanipoen:

"Anaqkoe tolé! Kowé ikoe panljèn isih tedaq Vlaanderen toelèn. Pamopomoe maoe andadèqaké kabOen·gahankoe. Ing salawaskoe oerip akoe doeroeng taoe seneng atikoe kaj a ing wektoe iki. Ngrangkoela manèh, tolé."

Sasampoening paripoerna, graaf Gwijde ngandika ~oe­

mateng para ridder ingkang sami kaastjarjan ningali, pa- ngandikanipoen:

"Wroehanamoe, loewan-toewan I Akoe ~èq enom ija kaja mangkono koewi.

Pantjèn ikoe wataqé tedaq Dampierre. Saiki pikiren apa Robrecht ora patoet nampani makoetaning graaf? Moela bener panemoemoe, Robrecht ! Nanging akoe wis toewa, akoe wong toewané adimoe Philipa ja wong toewamoe, moelané akoe arep soedjoed ing ngarsané sang praboe.

Wis mengkono karsaning Allah. Oéné kowé mèloea ija adja andekoe, soepaja graaf ing sapoengkoerkoe adja nganti kena ing tjatjad."

Toewan Robrechl van Bethune sampoen Iilih, noenten medal saking bangsal loemebet ing kamaripoen ingkang poetra. Machteld astanipoen katjandaq ingkang rama, kakanti sarta kalinggihaken djadjar. 'Ingkang poetra ka- paringan pirsa katjilakanipoen Adol! van Nieuwland nanging 'mboten kablakaqaken namanipoen. Totwan Robrecht tansah anantoen-nantoen sang poetri Machteld, ingandikaqaken andjagi ridder ingkang kabranan, awit toewan Robrecht pijambaq embènipoen badé ndèrèq ingkang rama ~ateng

Frankrijk Machteld anjagahi sadaja piwelinging rama. 'mBoten antawis dangoe Robrecht noewèni Adolf kadèrèqaken sang poetri. Dokter kakalih kalijan toewan Diederik die Vos sami ngadeg tjelaq kalijan ingkang nandang kanin. Dokter ingkang satoenggal matoer, jèn labetipoell radl amCletawatosi, mal ah jèn kirang-kirang begdjanipoen saged oegi 'mboten ngoekoep.

Nalika poenika Machteld mriksani ridJer ingkang

(14)

24

kabranan waoe sinten. Sar~ng oeninga, bilih poenika Adol!

ladjeng moelldoer sarwi sora moewoen. Robrecht adawoeh moerih kèndelipoen, ananging ingkang poetra mèh ';nboten saged ngampet. Tigang pra sakawan djam pijambaq ang- gènipoen kamisesegen. rnargi tresnanipoen dateng Adol!

kados sadereq sajajah réna. Sareng sampoen lipoer ing sawatawis; noenten djèngkèng won ten ing oei on-oei on sarta

wiwit njembahjangaken Adol!.

Robrecht van Belhune ngantos dalue anggènipoen moengoni klajan néling-nélingaken, 'mboqmanawi Adol!

taksih saged njoewara. Ananging sampoen tanpa swara, malah ambeganipoen alon sanget. Dokter 'mboten saged andjallèqaken gesangipoen, awit ingkang nandang kanin mandar katémpélan bentèrtis.

Para ridder sami bibaran, moendoer sowang-sowangan klajan bingahin!! manah, déning teksih ba~é saged ngladosi karsaning ratonipoen.

Ridder ingkang sipeng wonten ing ka~aton inggih ladjeng loemebet karnaripoen pijambaq. Kalih djarn malih ing Wijnendaal sampoen 'mboten wonten sabawa kedjawi pangoewoehing tijang djagi, pandjegoging sona toewin oengeling peksi goeweg.

IV.

Tindaqipoen Oraaf Owijde sapoenggawa dateng Fran- krijk moetawatosi sanget, awit ing Frankrijk wonien prakawis ageng ingkang moeroegaken owel ngoetjoelaken tanah Vlanderen.

Philips de Schoone kalijan ingkang garwa sanget ing pangebrèhipoen, ngantos ngagem arta kas. Sareng 'mboten manggih réka malih sagedipoen angsal arta, noen ten malsoe arta, andadosaken soesahipoen tijang ti gang karadjan, éwadéné meksa dèrèng saged toewoeq. Minister-minister ingkang namoeng ngrembag betahipoen pijambaq, langkoeng-Iang- koeng Enguerrand de Marigny saben dinten ngodjoq-odjoqi sang praboe angindaqaken paos. Lah tijang alit sami 'mboten tarimah, mal ah sa'mpoen mèh ambaléla.

25

Risaqing karadjan Frankrijk: margi déning arta palson, awit para soedagar sami 'mboten poeroen nampèlli jatra patson, woesana sami nHar Frankrijk; tijang alit sami doe- mawah ing kamlaratan, 'mboten saged ambajar paos, pniboe Philips pijambaq, sampoen kambah ing bebaja. Wangsoei tanah Vlaanderen kénging kawastanan lanah regeng Joh djlllawi, menggahing sekar saweg mekar, oeger tijang remen ningali, oeger tijang rem en metiq, dalasan tawon, sami rebat dottjoeng angéntjoqi. Para bangsa ingkang misoewoer- misoewoer kala djaman samanten katah ingkang sami ka- piloejoe gegramèn dateng tanah Vla·anderen. Anggepipoen kados wonten tanah woetah rahipoen pijambaq.Dedagangan ing kita Brugge k~mawon ramènipoen ngoengkoeli satanah Frankrijk, wewah-wewah won ten peliqanipoen djené. Sa- manten redjaning tanah Vlaanderen. Bab poenika sampoen kaoeningan ing ngarsaning nata. MHa sanget koematjélo- nipoen angregem tanah Vlaanderen. Temahan ketingal asoring beboedènipoen. Ingkang roemijin moendoet poenapa- poenapa ingkang 'mboten moe'ajan dateng graaf Owijde, soepados ambaléla; anoenten angoendjara poetranipoen poetri inggih poenika PhHippa; wasana kagitiq ing perang, tanah kadjabel.

Prakawis sadaja waoe inggih sampoen kelimbang- limbang ing graaf Owijde, sarta oegi sampoen kabatang kadadosanipoen Ananging kétang katresnaning poetra, 'mboten léga amboetjal sarana ingkan saged ngloewari Philippa. Saha pangiridipoen Karel de Valois inggih nga-

!(engaken panggalihipuen sawatawis.

Oraaf Owijdl bidal kadèrèqaken poetra kekalih:

Robrecht kalijan Willem; toewin . para ridder ing Vlaanderen, sèket tjatjahipoen. Karel de Valois kalijan ridder-ridder ing Frankrijk anjerengi.

Doemoegl ing Compiègne Owijde sampoen katjawisan pamondoqan ingkang 'mboten koetjiwa. Sang Karel de Valois' sowan inkang raka ngasih-asih njoewoenakcn pangapoentenopoen graaf ing Vlaanderen. Satrija oetama waoe wasis sangel mamalad sihing raka, dasar praboe

(15)

Philips de Schoone inggih 'mbolen kirang tresna doema- teng ingkang raji, temahan si rna pangigit-igiting galih doernateng Vlaanderen; éndjingipoen Gwijde dipoen lim- bali pijambaqan. Sadoemoegining kadaton sang graaf kairid dateng kamar ageng. Damparing kaprabon linangsé bloedroe biroe rinengga ing sekar bakoeng k~ntjana, kawiwir-wiwir kawangoen ngombaq toja. Sangadjenging ?ampar ginelaran baboed prangwedani ~inoelam benang emas toewin salaka.

Praboe Philips wira-wiri kalijan ingkang poelra Louis Hutin won ten ing kamar wa oe ginarebeg para toewan-toewan Frankrijk. Won ten satoenggal ingkang katjelaq ing Naréndra inggih poenika Nogaret ingkang sampoen kamipoeroen njepeng sarta nganiaja santo Bapa Bonifacfus atas dawoe- hlll€( Nata.

Sareng Gwijde loemebet, Sang Praboe djoemeneng wOn ten satjelaqing dampar, ingkang poet ra djadjar ing sakérir.gipoen, toewari-toewan sanèsipoen san:i soemisih dados kalih lariq. Gwijde moendorq-moendoeq sowa", ladjeng djèngkèng mawi soekoe saloënggal ing ,igarsanipoen Sang Praboe. Sang Praboe ngandika:

• Vazal! (kaléréhan). Anggomoe anor raga ikoe bareng wis gawé soesahkoe. Kowé saiki kena ing uekoem patio Éwa déné akoe karsa midangetaké atoermoe Ngadega lan

matoera I" .

Gwijde ladjeng ngadeg sarta matoer :

"Doeh goesli Sang Praboe! Abdi dalem kawoela ngraoep pada dalem kalijan pitados sanget ing kaadilan dalem ingkang soepados kowoela linoewaraken saking be ben doe dalem."

"Ija, nanging ikoe wis kaddloe warsa. Kowé wis sakoe- toe karo satroekoe Eduard ratoe Inggris, amuengsoeh pan- djenengankoe. Kowé keléréhan sing ora toehoe; koemawani mi rong kall1poeh djingga; koemendel-kendel nantang perang.

Tanahmoe daq djabel, déning tjidramoe."

"Doeh, goesti! moegi kaitj&lna saroesikoe dalem. Abdi dalem' koela kalilana moendjoeq. Moegi wontena karsa dalem menggalih, sapinten kasoesahan tOfwin kasangsara- lIipoen ba pa ingkan!( kadoesta anaqipoen. Anggèn ka-

woela njoewoen wangsoeling anaq kawoela èstri kawoela réntjangi angrerepa ngasih-asih sarta nandang kasoesahan.

Sang Praboe! Saoepami poetra dalem, tjaion ratoe kawoela, ingkang gagah djoemeneng won ten sakéring dalem poenika kadoesta sarta kakoendj~ra ing tanah ngamantja, poenapa sarilpé{an dalem badé ngétang poenapa-poen~pa ingkang kage:n malesaken oe'koem oetawi ngloewari poetra dalem waoe? Sampéjan dalem prisa kawontenaning djasad ka- woela. Mila kawoela andjagèqaken sih wilasa dalem ing saandap sall1péjan dalem."

Philips de Schoone kakenan ing galih sarla mriksani illgkang poetra klajan welas ing galih. Samanten oegi galihipoen Pangéran Louis sareng kata man ing pangasih- asihipoen graaf ing Vlaanderen. koemesar kados kairis ing

welat, poewara njoewoenaken pangapoentenipoen graaf ing Vlaanderen. Ananging Sang Praboe sanadyan trenjoeh galihipoen, gelaripoen taksih poegoeh kémawon.

Gwijde 'mboten pedot ing pangasih-asihipoen, njoe- woen pangapoenten toewin wangsoeling poetranipoen, Phi- lippa. Pasemoning wadana sapoenika sampoen 'mboten kénging kaljolong, bilih Sang Praboe kakenan ing galih saèstoe. Wonten prakawis satoenggal, ingkang dados éme- nging panggalih dalem inggih poenika déning ingkang garwa, retna Jnhanna 'mboten karsa ngloewari dyah Philippa.

Sarèhning Sang Praboe 'mboten karsa sagah Ijoemeplos, ladjeng ngandika makaten:

"Akèh pitoeloengané sadoeloerkoe lanang marang kowé.

Sing gedé pangarep·arepmoe, awit akoe ngrasaqaké kasoe- sahanmoe. Kowé kaloepoetan, nanging wis tjoekoep eng- gonmoe daq pidana. Éwadéné dina iki doeroeng daqapoera, arep daqtiti pari ksa disiq. Kadjaba ikoe enl(gonmoe nga- bekti njoewoen ngapoera marang pandjenengankoe anaa lOg sangarepané para ridder, kang soepaja pada nenoelada marang patobatmoe. Wis moendoera, daq mikir-mikir apa kang bakal daq trapaké ma rang kaléréhan si lig ora toehoe."

Graaf Gwijde moendoer. Dèrl:ng ngantos doemoegi ing

pamon~oqan, pawartos sampoen soemebar, bilih Gwijde

(16)

28

sampoen angsal pangapoenlen, lanah saha poetranipoen kaparingaken wangsotl. Para ridder ing Frankrijk ingkang katah-katah sami bingah sarla mangajoe bagja dateng graal Owijde ie roes ing manah, kadjawi ingkang panijèn ngadjap toempesirog Vlaanderen, poenika namoeng gelar kémawon.

Bingahipoen para ridder ing Vlaanderen ",arwata soeta, awit roemaus jèn tjintrakanipoen sampoen loewar babarpisan.

De Chatillon kerep mratoewi datellg graaf Owijde sarta api-api soeka wiloedjeng, ananging batosipoen kados badé ngremet-ngremeta. Tjiptaning manah namoeng badé ngregein tanah Vlaanderen ing aslanipoen, djer tanah poenika sam- poen kasagahaken.

Toenggil dinten kalijan datengipoen saking tanah Vlaanderen de Chalillon nimbali . abdènipoen ingkang pini- tadus, kaoetoes énggal-énggalan njaosaken serat daleng Paris. Sueraosing serat 'mboten Iija namoeng wewacÎoel3n, saha ngatoeri Sang Narpadajita lan Enguerrand de Marigny dateng Compiègne. Sang Sori sareng maos nawalanipoen fngkang paman, doekanipoen jajah sinipi. Sanalika itjal si- patingwanita, sampéjanipoen anggedroeg-gedroeg kado~ badé anggonljangaken boemi, san!(saja de Marigny tijang matadoe- witen, mangka jatra ingkang kadjagèqaken kanggé mang- suelaken arIa ingkang sampoen kablandjaqaken baM iljal!

Poeteking galih Sang Pramèswari énggal nilih karéta 50-

wan dateng Compiène kadèrèqaken de Marigny. Won ten ing kratoli Compiège Sang Nala Déwi ngatingalaken doekani- poen sarta njoewoen amrih sandéning karsanipoen Sang Praboe. Ananging Sang Praboe tansah sarèh kémawon.

Sang Poet ri oeninga jèn 'mboten kapaèloe ladjeng matoer badé kondoer dateng Navarra. Philips de Schoone ladjeng gingsir panggalihipoen, 'mboten mradoeli osiqing manah ingkang oetami; awit Navarra poenika kalebet lanah ing- kang saé pijambaq ing Frankrijk, owel jèn itjala. Temboeng

"badé dateng Navarra" dados giri-girènipoen Sang Narpadajila jèn ·ka'sanipoen plOambengan· ing kakoeng; Sang Praboe pijambaq oeger midanget lembucng waoe sampoen prasasat kénging tjin~oeng. Pangonggrong, pangodjoq-odjoq moerih

29

sirnaning darah Vlaanderen kados kaesoqaken ing pang- galihipoen ·Sang Praboe, IIganlos pandjenenganipoell ka- goengan nijat badé amalrapi oekoem pedjah docmateng

graaf ing Vlaanderen. .

V.

Kot jap ingkang won ten in~ dalem pamondoqan, ing.

gih poenika graaf Owijde saandahanipoen sami alldrawina, asoeka-soeka noctoeg, margi· gadah pangadjeng-adjeng anampi sihing goesti, nalika JOha",;a van Navarra angrebal karampocnganing prakawis ingkang dèrèng tetep saking aSlaning raka. Kinten-kinten ~adjam dangonipoen nggè- nipoen sami adrawina waoe kasaroe lebeting Diederik die Vos ngemoe rrihatns. Para ridder sami kagèl ningali po- lalaning Diedenk; kados won ten socwadosipoen, awil Die- derik ridder tjoeljoet remen adamel goedjenging katah:

sadaja 'mboten wonten ingkang koemeljap, namoeng pan- deng-pinandeng kémawon. Robrecht van Bethune ndangoe dateng milranipoen loehoe: "Diederik ! ana kahar apa?"

Diederik matoer, bilih menlas soemerep pijambaq sowanipoen Juhanna van Navarra kalijan Enguerrand de Marigny. Ridc'er-ridder sadaja mireng as ma kakalih poenika prasasat mireng swaraning !(elap, djoemegèr ing talinganipocn, wasana sa ",i loemuengkoel andjeloeng.

Soeka-soeka poewara amanggih doeka. Toemoenten sami apiremhagan amboedidaja sagedipoen Onljal saking tanah Frankrijk, nanging 'mboten wonlen ingkang manggih. Na- lika poenika wonten abdi saloenggal ngaloeri oeninga, jèn toewan de Nogaret, oeloesan dalem Sang Praboe dateng.

Nogaret kakinten badé aniepeng para ridder kados ingkang s.mpoen-sampoen. Milanipoen Robrecht énggal nariq pe- dangipoen katoempangaken ing lIIédja, ingkang ladjellg kaenoel ing para ridder sadaja.

De Nogaret loemebet Iata krama sarta andawoehken timbalan ~ateng graaf Owijde; .

"TC'ewan graaf ing Vlaaneteren, limbalan dalem bén- djing-éndjing poe koel sawelas djengandika ingandikan

(17)

loemebet ing kedaton sakantja ridder sadaja, perloe saoS bekti ing ngarsa dalem, won ten ing sangadjengipoen ridder ing Frankrijk sadaja. Kangdjeng Ratoe ing Na~ar,a ingkang angénggalaken ~awoeh. Pandjenenganipoen PIJambaq nJoe-

woenaken pangapoenten ing ngarsa dalem IOgkang SlO oe- hoen; sarla weling daleng koela apari'lg priksa jèn pana- langsa toewan dados renaning panggalihipoen. Noewoen!

namoeng samantcn. Koela kalilana moendoer, selaq .dados pallgadjeng-adjeng dalem kangdjeng Raloe. Moegl d)1nang- koen ga ing Pangéran!"

Saocndoering oetoesan graaf Gwijdc soemawana para ridder sadaja sami tjoemeplong galihipoen, polatanipoen katingal padang, namoeng Diederik ingkang taksih pet~ng

sarta njepeng astanipoen Robrecht van Bethune kaltjan serel aloeripoen:

"Sampoen toewan !, koela andèrèqaken soegeng 'mboq manawi koela sampoen 'mbolen ba .é saged njepeng asta toewan malih. Nanging koela atoeri ènget, jèn ingkang abdi 'mboten badé ni lar ing pandjenenganipoen toewan. Won- tena ing pocnLli-poendi, sanadyan wonten ing koendjaran pisan koela ba~é njaosi pitoeloengall toewin panglipoer."

Robrecht sampoen njandaq ing saatocnpoen Dtcdenk, noenten abisiq-bisiq:

.Akoe wis weroeh marang sing andadèqaké wedilling atimoe, nanging kaprijé manèh; ora liwat ija moeng andoem rahajoe baé."

Sadèrèngipoen medal Diederik pamit dateng para ridder, witjantenipoen:

"Toewan-toewan, sinten ingkang ba~é ngabari poenapa- poenapa dateng Vlaanderen, koela atoeri weling dateng koela."

.. Lo, . toewan Diederik poen apa 'mboten ba~é all~èrèq sowan ing kadalon?"

.,lnggih andèrèq! Koela 'mbéndjing-éndjing raq amor won- ten ing ngrika, nanging 'mboten wonten ingkang ba~é priksa;

koela namtoqaken jèn béndjing-éndjing saged ontjat saking astanipoetl Sang Praboe. Sampocn I moegi djinangkoenga

ing Allah."

biederik késah, sarta para ridder sami mapan wontert ing pasaréjanipoen pijambaq-pijambaq.

Jng wantji ingkang sampoen kadawoehaken, para ridder sami won ten ing pasowanan Compiège. Dedamelipoen sa- mi katilar ing bangsal ngadjeng. Semonipoen sami bingah- bingah, déning badé nampéni sih dalem Sang Praboe malih. Robrecht van' Bethune ingkang njoelajani pijambaq, ing batos ngoenggoet-oenggoet sanget; mèh 'mboten saged ngampah kanepsonipoen, oeger soemerep ladaqing para ridder ing Frankrijk. Saoepami 'mbotena adjrih ingkang rama, tartamtoe sampoen katah ingkang ngitjipi pedangi- poen. Kedap-kedap angepel ' astanipoen kalih pisan kados badé amedot tangsoei ingkang sakelangkoeng woele!.

. Karel' de Valois djadjar lan graaf Gwijde saka soemèh, ingandikan angentosi dawoehipoen ingkang Sinoehoen, angirid graaf ing Vlaanderen ing ngarsanipoen. Para ngoe- lama toewin para prijantoen oegi katah ingkang sami sowan.

Ka:anipoen saweg sami gegineman prakawis graaf Gwijde, won ten tijang soedjarah sampoen sepoeh locmebet ing paséwakan Sareng kasoemerepan ing para ngoelama, tijang soedjarah waoe prasasat kinaroetoeg ing pitakèn warni-warni. Wonten ingkang pitakèn kawontenanipoen tijang Kristen ing Syrië, wonten ingkang pitakèn bab perang ing Itali~, wonten malih ingkang pitakèn, poenapa tijane soedjarah waoe 'mboten angsal wasijat titilaranipocn tijang soetji, katah pitakèn sanèsipoen, kados badé kirang papani- poen, oe'pami kaseratana sadaja. Wangsoelanipoen sadaja patitis kados tijang ingkang mentas saking tanah-tanah waoe, tjarijosipoen anèh-anèh, ngantos ingkang mirengaken sami 'ndomblong. Temboengipoen sinelan ing leloetjon 'nda- dosaken ger-gergeranipoen ingkang sami sowan. Sadaja sami pitados ~ateng witjantenipoen. Mangka ing sadjatosi- poen tijang waoe dédé lijang soedjarah. Tallah-Ianah ingkang dipoclI-tjaritjosaken waoe anggènipoen soemerep nalika taksih némnéman; èngetipoen namoeng sakediq-sakediq, jèn 'mboten ènget babarpisan ladjeng dipoen kinten-kiten .. Tijang soedjarah waoe 'mbolen Iija kedjawi Diederik de Vos,

(18)

32

'mBoten wonten tijang inkang gad3h ka~oenan sagrd. mola- mali haken rai kados Diederik. Sarana toja toewlII tJèt 'nggènipoen adamel sepoeh ûetawi enèming se moe. S~rèh.­

poen toewan Diederik 'mboten pitados ~ateng temboeng.poen para radja in~ Frankrijk saha mitoeroet atoenpoen ~ateng

graaf Gwijde mboten nedija badé katoekoep 111 tanganlllg mengsah, mila ladjeng manganggé kados m~.katen.

'mBoten antawis dangoe Sang Praboe m'Jos saha garwa ginarebeg ing para poetri toewin para. prijanto~n pepilihan.

toemoenten pinaraq ing dampar IIIgap.t tan~anlllg karadJan Frankrijk lan ing Navarra: Karel de Valois kalijan para ndder ing Vlaanderrn sami madjeng,. sa:eng kaawé IIIg ~ang Praboe. Para ridder waoe sam. dJèngkèng, mboten ebah mboten mosiq. Ingkang djèngkèng won ten satengening graaf ingkang poetra Willem, ing sakiwanipoen ridder satoenggal rninangka gegentosipoen Robrecht van Bethu.ne. Déné. R~­

brecht pijambaq awor para ridder ing Frank'Jk. ~ahadJeng.­

poen teka mboten kaoeningan ing Sang Praboe.

Boesananipoen Kangdj.ng Ratoe johanna va~ Navarra goemebjar Makoe.tanipoen kataman ing soroting soerJa mantJo- rot, tjahjanipoen ngengoewoeng nel ah. saklll~. ka~~h~ng

sesotya. Solah bawa toewin liringing semOt arnratJ.hn"l1I Jèn Sang Sori toe hoe wanodija ladaq angegoeng-egoengaken kaloehoeranipoen. Anggènipoen mriksani para ndder IIIg Vlaanderen kanli éwa lan geling kados rnriksani tjatjing kaloeng. Sang prarnèswari bebisiq ing talinganipoen ingkang raka. Sang Praboe toernoenten ngand.ka sora:

.Hèh wong tjidra! Prakaramoe wis daq-titipriksa daq golèqi apa kowé isih ken a daq-paringi panl(apoera, nangliOg ora bisa katern oe katrangané; malah teléla jèn katresnanmoe marang anaq ikoe moeng kanggo aling-aling pambalélamoe baé sarta jèn koernaloengkoengmoe kang noenoentoen ma-

.an~

koemawani ,. Raosing manahipoen para ridder mireng pangandikaning Nata ingkang makaten waoe prasa~at kada- wahaken saking wit klapa. Sapoel1lka saweg sam. ngretos jèn kénging kalatida kados ing~ang salengah kawetja ing Diederik. Sarèhni~g graaf GwiJde kendel mboten ébah,

33

sedaja inggih ladjeng kèndel kémawon. Sang Nata ngla- djengaken pangadika:

.Kaléréhan sing wani karo goes ti ratllené didjabel boeminé gadoehan. lan sing ngoeboengi satroening Frankrijk, kapatrapan ing oekoem pali. Kowé wis sakoetoe karo Edward ing Inggris ngrabasa Frankrijk. Kang ikoe kowé kena ing pidana gedé, kadjabel tanah sanjawamoe pisan Éwa déné karampoengan ikoe ora énggal-énggal dileksani

~isiq, moelané kowé kabèh bakal daq-toetoep ing koendjara. "

Karel de Valois mireng panl(andika dalem Sang Praboe kadosrinoedjit-roe:Jji. galihipoen, énggal madjengsaha maloer:

.. poeh, kangdjeng déwadji I Sampéjan dalem ng'lenin~ani pribadi, soengkrm kawoela ing ngarsa dalem. nganlos 'mboten siwah lan abdi dalem ingkang asor pijambaq. Dèrèng- nalé wonlen kaharipoen, bilih raji dalem anjiprati dedame- lipoen sarana lampah djirih toewin Ijidra, sanadyan namoeng semoe kémawon. Temahan teka kaka praboe p.jambaq ing- kang badé adamel koeljem kawoela. badé mastani ridder tjidra Soemangga kagaliha, jèn Gwiide ing Vlaanderen poe- nika raii dalem ingkang ngririd, teka raii dalem badé kaseboet ridder tiidra ing djangdii."

Karel de Valois saia dang.oe sangsaja sanget nepsoni- poen. Nétranipoen andiq ngalirah. Philips de Schoone sampoen kagoengan krenteg badé 'ndiabel pangandikanipoen, awil roemaos ièn adamel seriqipoen ingka'lg raii ingkang katresnanan.

Ing wekdal poenika oegi para ridder Vlaanderen sami ngadeg, sarwi mirengaken atoeripoen Karel de Volois. Sa- nèsiporn sami kamilenggengen sarta sami adirih dateng

ingkang badé kalampahan. .

Sang Nata Dèwi 'mboten mawi ngentosi dawoehing raka. ladjeng mangsoeli graaf de Valois klaia;. • engoe- ning galih:

"Toewan de Valois! toewan {\Ta kena ngréwangi moengsoeh. Marga saka ikoe toewan dadi ora toehoe ma- rang ingkang Sinoehoen. Karo ora moeng sapisan iki baé, loewan de Valois nggoné ambangkang marang kar~a dalem J"

3

(19)

Graaf de Valois njelani atoer klajan sengol:

"Kangdjeng Ratoe! poenika 'mboten toemrap, jèn pandje- nengan dolem ndaqwa kawoela 'mboten toehoe ~oemateng

raka dalem praboe Philips de Schoone. Poenapa Karel de Valois badé kawastanan tjidra karana pandjenengan dalem?

Poenapa kanistan poenika badé doemawah ing dedamel kawoela? Nglengkara! Soemangga kil\voela-atoeri mangt(alih, kaka praboe! Poenapa sampéjan dalem kedoegi nandang, bilih rahipoen poepoendèn kawoela Lodewijk inl{kang soetji badé reged wonten ing kawoela? Poenapa makaten poenika ga.idjaranipoen soesetya kawoela?"

Karsanipoen Philips de Schoone in~ sapoenika badé njoeda pidananipoen graaf ing Vlaanderen. Ananging Jo- hanna van Navarra sampoen 'mboten mradoeli, malah sareng midanget atoering Karel de Valois waoe, moengkat doe- kanipoen, wadananipoen abrit kados sinetjang. Wasana angoewoeh sora:

"Hèh botjah pradjoerit! Leksananana karsané Sang Praboe. Tjekelen wong-wong Ijidra iki!"

Para pradjoerit koemroeboet loemebet ing paséwakan anjepeng para ridder ing Vlaande.en ingkang 'mbolen soe- wala margi ngertos, oepami .bangga badé tanpa dame!.

Wonten satoènggal ingkang njelaqi graaf Owijde, noempangaken langan ing pamidanganipoen sarwi witjanten :

"Atas karsa dalem ingkan~ 5inoellOen, toewan graaf dados bebandan."

Owijde mriksani sarwi kewelasa ih, sarta nolèh Ro- breeht asesambat :

,,0, memelas temen anaqkoe Robrecht."

Robrecht ngadeg ndjedjer ar,ir,gali para ridder ing Frankrijk sadaja, badanipoen kraos paling karedjoet, mri- patipoen kados medal kilat, meloempat madjeng kados singa sarwi goemaleger swaranipocn kados badé nggogroga- ken gedong paséwakan waoe: .

"Bilai! Iki leka ana tangané wong tjrliq katiq ditoem- pangaké pamidangané rama. Jèn ora gelem 'ngetjoelaké, mati déning akoe!"

Noenten ngrebal kar.Jpaqing saradadoe. Para ridder ing Frankrijk sanri nariq redangipoe~ koewatos jèn ratonipoen badé kapradjaja. Nanging ladjeng si rna koewatosipoen, djalaran Robrecht namoeng ngeproeq sirahipoen saradadoe, ingkang badé mbanda graaf ing Vlaanderen. 5anidadoe waoe sandlika irna njawanipoen, bangké gueml.nting ing siti, akoetah rail. Tandangipc.en pradjoerit sanèsipoen badé angroeboèl Robrecht van Betl.une kados soeloeng loemebel

i,,~ laloe. Robrecht ngobat-abilaken kampaqipoen. Sara- dadoe pijaq sadaja 'mbolen won ten ingkang sagen njelaq.

'mBoqmanawi kénrawon laksih kalah toenggilipoen ingkang kabélaqaken, sampoena graaf Owijde ingkang koewatos sanget nrenggahing gesa~gipoen ingkang poetra, ngasih- as.h anrambengi kanepsonip3en, sarta amemoerih noeng- koelipoen.

Robrecht van Bethune 'mbokn koewawa noelaq kar- saning r,lIna, mila ladjeng mboetjal karnpaqipoen sana angoewoeh sora.

"Wis la, si ken a ing soepata wong séwan, Ijekelen 5inganing Vlaanderen! Adja wedi, Nis ora bangga!"

Para pradjoerrt sami salang toendjang an~roeboet Ro- breehl. ûraaf Owijde lan Robrechl kairid sareng medal sadèrèngipoen doemoegi ing djawi Robreeht IVi.janten makaten :

"Tocwan de Valois! Dedamel toewan 'mboten katji- pratan. Pandjenenganipoen tocwan wiwit roelllijin mila doemoegi sapoenika pantjèn ridder Frankrijk ingkang loehoer pijambaq. Kasocsetyan loewan 'mboten kénging katjatjad P"enika temboengipoen Singaning Vlaanderen, koel a atoeri midangetaken."

. Para ridder ing Frankrijk sami njamengaken pe~angi­

poen, amargi sampocn itjal hebajanipoen.

Sang Praboe kalijan Sang Pral11èswarr sami saléntja ing panggalih ing atasipoen póngadilan waoe. Ph.lips de Schoone ndjentoeng sarla gegetoen nggènipoen andawoe- haken pantjasan; wangsoei Johanna van Navarra ll1alah bingah, déné ~"brecht wunten ing ngarsanipoen "ang

Referenties

GERELATEERDE DOCUMENTEN

agricult ure or find work in the white areas.. that economic development, the establishment of villages and urbanisation were mutually dependenf8. The n ext step

Organic Materials in Silico: From force field development to predicting dielectric properties.. University

Most people here were Sami, but I don’t remember even one meeting only in Sami, always Norwegian and Finnish people came.. But they were not so Norwegian that they did not understand

CNWS Publications is part of the Research School of Asian, African and Amerindian Studies (CNWS) at Leiden University, The Netherlands.. All correspondence should be

Paragraph 1.2 states, “The Sami People shall have its own national Sami assembly, elected by and among the Sami people.” The aim of the Act is “to ensure favorable conditions

1991 “The Saami Shaman’s Drum and the Star Horizons,” in: Ahlbäck, Tore and Bergman, Jan (eds): The Saami Shaman Drum: The Donner Institute for Research in Religious and Cultural

Sigvald wipes away the blood and will rinse off the blood contained in the cup in a bowl of water.. Sigvald cuts the 1 st location for the 2 nd time, because the flow of blood

She studied at the University of Hartford (Hartford, Connecticut, USA) from 1967 to 1970 and then transferred to California Institute of the Arts (Valencia, California, USA) from